Indria Salim
Indria Salim Freelancer

Freelance Writer, Praktisi PR di berbagai organisasi internasional (1990-2011) Twitter: @IndriaSalim IG: @myworkingphotos fb @indriasalim

Selanjutnya

Tutup

Video Pilihan

Waspada Virus Corona-19, Monggo ing Ndalem Rumiyin

6 April 2020   04:30 Diperbarui: 6 April 2020   06:29 917 50 27

Para Sedherek, tepangaken, kula Indria Salim.
Monggo sami lenggah ing ndalem kemawon, uger kita samya saged njagi pribadi lan tanggi tepalih ing sakcepuri, kalis ing sambikala pageblug Virus Corona 19.

Tansaha njagi karesikan, asring wijik ngagem sabun utawi disinfektan ingkang aman kagem kulit kita, ngagem masker wajah manawi tindakan utawi medal saking nggriya. Samia mituhu dhawuhing pangreh praja, mugi-mugi ndadosna kawarasan kita samya. Tansaha eling supados hanjagi jarak fisik, mboten kempalan kaliyan piyantun akathah rumiyin. 

Mekaten atur kulo, sesambungan kaliyan babagan pageblug Virus Corona 19 ingkan saestu nguwatosaken.

Virus Korona kedah kita adhepi kanthi pangatos-atos, amargi wujudipun ingkang mboten saged katingal tanpa ngagem mikroskup. Menika virus ingkang mbebayani, amargi daya panularanipun ingkang cepet sanget, lan nyerang paru-paru. Tandanipun priyantun ingkang sampun kenging Cirus Coron-19, kadosta watuk, pilek, ngelu, lajeng manawi mboten enggal dipun upakara, pasien lajeng ngraos napas sesak. 

Mbok bilih pasien mboten kiyat, utawi yuswanipun sampun kagolong sepuh, ugi kagungan gawan sesakit sanes (diabetes, bludrek, lan sanes-sanesipun), serangan virus saged ndadosna pasien tinggal donya.

Pramila sanget wigati bilih kita sadaya kersa waspada, mboten perlu kuwatos ingkang sanget-sanget utawi panik, ananging nglampahi kebiasaan resik ing samudayanipun. Matur nuwun.

Indria Salim