Khoirul Taqwim
Khoirul Taqwim Lainnya

Peneliti Tentang Kemasyarakatan

Selanjutnya

Tutup

Video Pilihan

Lagu - Ngaji Wiwit Cilik

17 Mei 2026   04:41 Diperbarui: 17 Mei 2026   04:41 48 0 0



Ijek cilik diulang ngaji
Sinau huruf ayat suci
Bapak ibu ngancani
Ben gedene ngerti urip iki

Suara adzan saben sore
Nggugah ati sing kadang lali
Langkah cilik menyang mushola
Nggolek berkah lan ridho Ilahi

Uwong ngerti akeh kancane
Amargo apik toto kromone
Ora sombong lan seneng nulung
Gawe tentrem sak kampunge

Urip iki mung mampir ngombe
Aja nganti lali Gustine
Ilmu agama dadi cahyo
Nuntun ati tekan dalane

Senajan urip kebak cobaan
Ojo ninggal sholat lan ngaji
Sebab amal sing bakal ngancani
Naliko awak wis mati

Bondo donyo bakal sirno
Pangkat drajat mung titipan
Nanging ilmu lan kabecikan
Dadi bekal ing akhir jaman

Ngaji wiwit isih cilik
Ben gedene dadi wong becik
Besok yen mati ati tentrem
Mugo mlebu suwargo sing apik