Khoirul Taqwim
Khoirul Taqwim Lainnya

Peneliti Tentang Kemasyarakatan

Selanjutnya

Tutup

Video Pilihan

Suluk Kalijaga: Tapa ing Pinggir Kali, Dening: Khoirul Taqwim

29 November 2026   17:57 Diperbarui: 29 November 2026   17:57 220 0 0


Om Sang Hyang Adi, murub ing sukma,
Hyang Widhi mulya, sumbering cahya,
Raden Said lumaku ing wana,
Nggoleki rahsa, sangkaning jiwa.

Tirta mili anjog ing samodra,
Bayu sumilir ngelus sukma,
Wana sepi dadi pasraman jiwa,
Raga meneng, cipta waspada.

Kali mili tanpa kendhat,
Raden Said ngreksa amanat,
Tapa brata kanthi tekad,
Ngluruh ego, ngendhaleni nafsu kang sesat.

Sang Guru paring sabda utama,
Nuntun murid lumebu ing rasa,
Dharma sejati dudu bandha,
Nanging suci ing budi lan manah.

Surya sumunar madhangi jagad,
Chandra sumunar ing wengi peteng,
Atma eling marang Kang Akarya,
Sujuding kalbu nyawiji ing donga.

Nir ahamkara, sirna angkara,
Sukma sumarah mring Gusti Kang Kuwasa,
Beda raga, tunggal pangabekti,
Makrifat tuwuh lumantar pangresaning ati.

Sang Kalijaga pepadhanging tanah Jawa,
Nandur kawruh kanthi tresna,
Anglaras ilining banyu ing donya,
Ora keli, tetep iman marang Gusti Kang Maha.