Khoirul Taqwim
Khoirul Taqwim Lainnya

Peneliti Tentang Kemasyarakatan

Selanjutnya

Tutup

Video Pilihan

Lagu - Ati Sing Kobong Mergo Gusti

17 Mei 2026   13:05 Diperbarui: 17 Mei 2026   13:15 50 0 0


Ing wengi sepi aku nyebut Asma,
Ati gemeter tanpa suoro,
Dudu tresno marang dunyo lan bondo,
Nanging kangen marang Kang Moho Kuwoso.

Naliko wong podho nguber drajat,
Aku mung ngelus tasbih ing langit niat,
Yen urip mung mampir ngombe sakedhat,
Ngopo ati kok nganti kesrakat.

Gusti… yen iki tresno sing ora katon,
Ojo tinggal aku ing peteng pikiran,
Senadyan awak kebak cobaan,
Jeneng-Mu dadi banyu panglipuran.

Koyo geni kobong ning njero dodo,
Nanging adem yen nyebut asmane Panjenengan,
Wong liyo weruh mung aku meneng waé,
Ora ngerti atiku kebak pangajab.

Lamun tangis dadi dalan sujud,
Tak tampani dadi wasilah urip,
Awit wong sing kerep remuk ati,
Kadhang luwih cedhak marang Gusti.

Ojo nganti ati kecanthol dunyo,
Merga bondo mung mampir sak wayahé,
Sing langgeng mung amal lan dungo,
Naliko awak bali marang asalé.

Yen tekan wektu nyowo kapundhut,
Mugi asmamu tetep ono ning lambé,
Supoyo mati dudu pungkasan laku,
Nanging wiwitan sowan marang Gustiné.