Khoirul Taqwim
Khoirul Taqwim Lainnya

Peneliti Tentang Kemasyarakatan

Selanjutnya

Tutup

Video Pilihan

Lagu - Mawar Ing Taman Langit

18 Mei 2026   05:39 Diperbarui: 18 Mei 2026   05:39 86 3 0



Ing wengi kang kebak lintang,
Angin lirih nggowo pangeling,
Aku krungu suoro tanpa wujud,
Nimbali ati bali marang Gusti.

Mawar mekar ing taman sunyi,
Arume koyo welas asih-Mu,
Naliko dunyo marai kesasar,
Jeneng-Mu dadi dalan bali.

Aku ngombe dudu soko gelas dunyo,
Nanging soko roso kang kebak dzikir,
Mendemku dudu amargo anggur,
Nanging sebab tresno marang Hadirot-Mu.

Rembulan dadi saksi sujud wengi,
Naliko banyu moto tibo meneng,
Aku nyuwun ojo nganti ati iki,
Kesrakat marang ayuning dunyo.

Kekasih tanpo rupo tansah cedhak,
Nanging moto iki kerep kesamaran,
Padahal saben ambegan kang mili,
Ono asmomu kang urip ing batin.

Yen esuk teko nggowo pepisahan,
Ojo nganti aku lali dalan mulih,
Awit urip mung mampir sedhela,
Lan pati mung lawang ketemu-Mu.

Naliko jasad bali dadi lemah,
Mugi ati tetep mekar koyo mawar,
Kanthi asmomu ing pucuk ilat,
Aku mulih nggowo roso kangen.

Mawar... mekar ing taman langit,
Ati iki tansah nyebut Asmo-Mu,
Yen dunyo mung mampir sedhela,
Rindu iki mugi nuntun mulih.