Khoirul Taqwim
Khoirul Taqwim Lainnya

Peneliti Tentang Kemasyarakatan

Selanjutnya

Tutup

Video Pilihan

Kagu - Telu Lelaku Nyedhak Pangeran

18 Mei 2026   21:20 Diperbarui: 18 Mei 2026   21:20 69 1 0



Ono dalan kawruh lan pikir jero,
Al-Farabi ngambah nganggo akal kang cetho,
Alam lan urip koyo diatur rapi,
Nggoleki Gusti liwat peta ing ati.

Akal iku cahyo, nanging durung sampurno,
yen durung nyawiji ing roso lan makno,
Gusti katingal koyo tatanan semesta,
nanging durung nyentuh roso sejati jiwo.

Mekaten Gusti, Al-Ghazali lumaku,
ninggal sangsi, bali marang kolbu,
dzikir lan sujud dadi pepadhang urip,
nyuckake ati soko gelap lan sibuk.

Soko ilmu tumuju marang roso,
makrifat sejati mbukak lawang jiwo,
Gusti ora mung dipikir ing logika,
nanging dirasakake ing sunyi dodo.

Rumi teko kanthi tembang cinta,
ngobong ati nganggo asmoro suci ing Gusti,
"fana" dadi dalan ilang ing cahyo,
lebur ing Gusti tanpo wates roso.

Cinta iku ombak kang ora kendhat,
narik jiwo bali marang sumber hayat,
saben napas dadi kidung suci,
ngelingake Gusti ing saben sepi.

Telu dalan siji tujuan sejati,
akal, roso, lan cinta nyawiji,
menungsa lumaku bali marang Ilahi,
ing pungkasan kabeh mung Gusti kang aji.