Esuk-esuk suoro manuk muni,
Ngelingk urip mung mampir ngopi,
Ojo gumedh amargo dunyo,
Kabeh mung titipan kang bakal sirno.
Ono wong urip sepi jenenge,
Nanging langit apal becike,
Ora rebut pangalembono,
Mung nyimpen ikhlas ning sajroning dungo.
Ojo kesusu ngoyak pujian,
Manungso gampang owah pikiran,
Dino iki disanjung-sanjung,
Sesuk biso lali lan mbuwang.
Yen ibu lungguh karo ndedungo,
Ojo nganti ati malah gawe loro,
Tangis wong tuwo abot timbang watu,
Ridhon dadi payunging uripmu.
Ora perlu sugih drajat luhur,
Yen ati isih seneng takabur,
Luwih becik urip prasojo,
Nanging Gusti paring berkah.
Sing cedhak ibu ojo sembrono,
Sebab wektu ora mbalek rono,
Naliko wis sepi kursin,
Mung tinggal kangen lan dungon.
Ayo sedulur benahi ati,
Urip becik nganti mati,
Ora kondhang ning ramene dunyo,
Nanging mulyo ning ngarsane Gusti
Ora kondhang ning dunyo...
Nanging mulyo ning suwargo...
Ridhoning ibu pepadhang jiwo...
Rohmating Gusti ngancani slawas...