Khoirul Taqwim
Khoirul Taqwim Lainnya

Peneliti Tentang Kemasyarakatan

Selanjutnya

Tutup

Video Pilihan

Lagu - Ikhlas Tanpo Pamrih

22 Mei 2026   19:38 Diperbarui: 22 Mei 2026   19:38 60 3 0



Ojo ngibadah mung golek pangalembana,
Urip mung mampir ngombe ning alam donya,
Yen becikmu mung kepingin dipuji manungsa,
Kaya mega liwat, sirna tanpo guna.

Sing didelok Gusti dudu rupa lan swara,
Nanging ati kang resik lan niyat kang mulya,
Senajan becikmu ora tau kacrita,
Gusti ora nate kliru ning ngganjar pahala.

Yen nulung liyan aja nganti gumunggung,
Aja ngitung kabecikan kaya wong dagang untung,
Awit amal iku dudu dalan kumingsun,
Nanging dalan sowan marang Gusti kang Agung.

Aja susah yen kowe ora dipuji,
Lan aja nesu yen kowe dicaci,
Awit manungsa mung bisa nyawang sak kulit iki,
Nanging Gusti mirsani tekan jeroning ati.

Ikhlas kuwi abot yen ati isih gumantung,
Marang pakurmatan lan jeneng kang kondhang,
Nanging yen kabeh dipasrah marang Kang Agung,
Ati dadi tentrem senajan urip kekurangan.

Muhasabah saben wengi sadurunge tilem,
Apa amalmu wis resik tanpa dendhem,
Yen isih kebak pamrih lan rasa pengin misuwur,
Nyuwuna pangapura, muga ati dadi makmur.

Ora usah kondhang ning ngarepe manungsa,
Sing wigati mulya ning ngarsane Gusti Kuwasa,
Awit urip iki pungkasan mung sowan Panjenengane,
Mori putih dadi saksi apa ikhlas atine.