Nafsu nangis mikir dunyo
Bondho dikejar tanpa kendhat
Ora kroso umur entek
Naliko pati soyo cedhak
Esuk ngguyu bengi kasilem
Ati kesrakat nguber drajat
Padahal urip mung mampiran
Koyo banyu mili sesaat
Omah gedhe ora digowo
Mobil mewah tinggal crito
Sing ngancani tekan kuburan
Mung amal lan donga nyoto
Naliko jasad wis kapendem
Sepi kuburan dadi kanco
Ora ono suworo tepuk tangan
Mung pitakon sing ngraket roso
Ayo eling sak durunge
Mori putih nutupi badan
Sujud wengi ojo ditinggal
Ben padhang alam kuburan
Kembang layu neng pinggir dalan
Koyo umur sing bakal entek
Sing nom tuwo podho ngenteni
Wektu pati tanpo dicekel
Omah sawise mati iku
Dibangun soko amal becik
Yen urip mung kanggo dunyo
Ati bakal peteng lan sempit