Tarlen saking golonging sedya tama
Manunggaling mring santosa cipta rasa budi karsa
Gumelaring memayu hayuning bangsa
Basuki yuwana sirna papa sangsaya
Sampurnaning bebrayan gung Pancasila
Mangambar ganda arum Indonesia langgeng mardika
Bowo (syair pengantar) :
Witing klapa bapak ya bapak kalapa kang muda
gones sak lugune saklugune wong mardipikir raharja
jarwa mudha ramane dhewe mudhana sang Prabu Kresna
gones mumpung anom mumpung anom ngudi saranane praja
Kuwi sekar ramane dhewe sekar pepundhen Sri Kresna
Gones lir puspita lir puspita warnaning kusumeng pura